Showing posts with label CERKAK BAHASA JAWA. Show all posts
Showing posts with label CERKAK BAHASA JAWA. Show all posts

Wednesday, 13 April 2016

contoh cerkak bahasa jawa






Dina kebak cerita

Malem minggu, ing musolah Dayat karo kanca-kancane sawise solat isya berjamaah jagongan ning latar musolah pada crita-crita lan janjian yen sisuk arep mlaku-mlaku meng segara. Dayat janjian karo kancane yen sesuk isuk meng segara.”sisuk meng segara pada gelem ora?....., kaya biasane wae, jam 5  isuk                                               kumpul ning umahku”. Ujar Dayat.
” siiplah,,,”. Adi nanggepi.
” Adi, koe sisuk ngampiri aku yo! Koe ngundang-ngundang jenengku wae, ngko aku kan metu”. Ujare Rahmat marang Adi .
” mengko ngger ning bapakmu ora ulih kepiye?, mengko mbok aku diomehi”. Adi nanggepi wangsulane Rahmat.
” ora-ora mengko kan aku taren dhisit, nang mamaku juga ulih”. Wangsulane Rahmat.
” ya wis, tapi koe tak undang metu loh,, aja keawanen sing tangi”. Adi nanggepi.
” iya, mengko tak alarem jam setengah lima lah”. Wangsulane Rahmat.
            Ora let suwe, Yanwar teko nggawa kresek sing ana isine.
” Yan, ora bagi-bagi pah koe karo aku”. Dayat nanggepi.
” kowe nggawa apa Yan, aku njaluk”. Rahmat uga nanggepi.
” jambu kue, mau jambuku tak pet-i pada ora meng nggonku. Dadi sing gede-gede ya wis dijaluki nang kancane mbakku”. Wangsulane Yanwar.
            Ujug-ujug Adi langsung ndeketi Yanwar lan njiot jambu lan milihi sing mateng-mateng. Pada ora trima, Dayat lan Rahmat uga melu milihi jambu sing pada mateng. Sawise pada mangan jambu, Dayat, Adi, Rahmat, lan Yanwar pada bali meng ngumahe dhewe-dhewe.
            Minggu isuk jam lima. Dayat Adi, Rahmat, lan Yanwar pada kumpul ing ngumahe Dayat. Sawise kumpul Dayat lan kanca-kancane mangkat mlaku-mlaku meng segara. Ning dalan Dayat lan kanca-kancane pada guyonan lan crita-crita kahanane wingi ing sekolahan. Ning dalan uga pada ngrasa seneng amarga sawise mikir pelajaran, saiki bisa ngirup udara seger. Ora suwe, kira-kira 25 menit wis tekan segara. Sawise tekan Dayat lan kanca-kancane pada jagongan ning bango-bango sing wis ora dienggo. Mandeng banyu segara lan ombak-ombake, ndadekaeke atine Dayat lan kanca-kancane pada ngrasa tentrem. Kanggo ngilangi rasa kesel lan ngelak, Dayat ngajak kancane tuku es teh.
” bro, pada nggawa duit ora? Tuku es pa yuh?”. Ajak Dayat.
” ya yuh, karo tuku cilok pa tuku otak-otak pada gelem ora? Aku wis ngelih”. Adi nanggepi.

” ya wis, aku juga ngelih. Arep tuku es apa? Es teh wae pa?”. Yanwar uga nanggepi.
” ya wis yuh,aku  tuku es teh karo ciok wae lah”. Tanggepane Rahmat.
            Sawise tuku, Dayat karo kancane jagongan nang pinggir segara karo mangan cilok lan nginum es sing dituku lan mandeng wong liya sing agi pada foto-foto lan nyante bareng keluarga. Disambi mangan-mangan Dayat lan kancane pada menghayal.
” deneng segara kene wis ora ana penyu-penyune ya? Padahal mbiyen jarene bapakku kene akeh endog penyu sing ana ing njero pasir. Yen saiki kene tesih ana penyu-peyune ya,,,, mesti segara kene dadi tempat pariwisata sing rame ditekani wong”. Rahmat ngungkapna pikirane.
”jarene mamakku sing marai penyune pada lunga, marai endoge dijupukki terus nang wong sing mancing lan njaring”. Dayat nanggepi.
”ngger kene ana penyune mesthi artis-artis pada meng ngene yoh. Mengko ngger ngene aku bisa foto karo Raffi lan Afgan”. Adi uga nangepi.
”ngko mbok Lee min ho teka meng ngene, aku bisa selfie bareng”. Ungkape isi pikirane Rahmat.
” bro, sadar-sadar. Ora mungkin lah, kene kan nggo latihan bom-boman nang TNI, dadi ya ora bisa. Mbok sewektu-wektu nggo latihan, ngko artise ya pada diusir”. Yanwar nyadarake sing pada menghayal ora genah.
            Sawise rampung mangan, Dayat ngajak bali. Adi, Rahma, lan Yanwar ugo setuju. Marai wis panas, mataharine wis mulai dhuwur. Ning dalan Dayat lan kancane ketemu karo guru agamane, pak Ahmadi. Dayat, Adi, Rahmat, lan Yanwar langsung nyapa lan salim.
            Tekan ngumah kira-kira jam 8. Dayat langsung wijik lan sarapan. Jam 9 Dayat metu ngumah, njagong ing latar, ora suwe Adi liwat ngarep umahe nunggang sepedha.Adi mampir ing ngumahe Dayat, ujug-ujug Rahmat uga liwat. Rahmat uga mampir ing umahe Dayat. Dayat lan Adi aln Rahmat jagongan lan crita motor-motor. Denger-denger Adi ngajak balapan sepedha tapi nganggo sepedha ontlong. Rahmat lan Dayat nyanggupi. Sawise njikot sepedhane, pada kumpul maning ning umahe Dayat.
” ukur cah samene pah? Ngajak Yanwar pa? Ben tambah rame-rame”. Usule Dayat.
”ya wis tapi Yanwar kon nggawa sepedha dhewe”. Tanggepane Rahmat.
”ok. Sing ngampiri arep sapa?”. Wangsule Dayat.
”bareng-bareng wae, mengko sekalian balapane nang dalan sing nggo meng segara”. Usule Adi.
            Sawise ngampiri Yanwar, Yanwar gelem melu. Dayat lan kancane langsung mangkat nunggang sepedha ontlonge meng dalan sing nggo meng segara. Sadurunge tekan, Yanwar usul.
”mendingan pit-pitan wae ora usah balapan. Pit-pitan meng segara jayan wae malah bisa nggo petualang. Marai kana kan dalane nanjak-nanjak”. Usulane Yanwar.
”apa koe ngerti dalane, war. Nek ngerti ya yuhh aku gelem”. Dayat nanggepi.
” ya ngerti lahh,,,. Aku kan tau meng ngan karo sedulurku”. Wangsulane Yanwar.
”ya wis sidane pit-pitan wae, yuh mangkat”. Jawabe Adi lan Rahmat.
            Ning dalan, pinggir-pinggire dalan, sawah. Ning kono Adi karo Rahmat ngepite karo gojegan, dadine sing ngepit ngebak-ngebaki dalan. Ujug-ujug ana dalan sing njlegong, Adi tiba lan nyenggol kaki-kaki sing agi ngepit lan nggawa pralon. Adi tiba. Kaki-kakine uga tiba, malah-malah kaki-kaki kuwi arep kecemplung sawah. Dayat, Yanwar, lan Rahmat langsung kaget. Alhamdulillah Adi lan kaki-kakine ora nangapa-nangapa. Adi langsung ngapura marang kaki-kaki sing disenggole. Kaki-kakine alhamdulillah apikan, Adi langsung dimaafna.
            Sawise kejadian iku, Adi sing ngepit dadi luwih ati-ati. Ora let suwe denger-denger dalane nanjak mandan dhuwur. Amarga  nganggo pit ontlong, Dayat lan kanca-kancane ora isa munggah. Dadi ben bisa munggah, pit-e kudu dituntun. Sawise tekan dhuwur, saiki dalane ganti dalan pasir lan nanjak. Sehingga pit-e kudu dituntun maning. Rahmat tiba ning pasir, ora kuwat nuntun pit-e, amarga pi-e gedhe lan dhuwur. Dayat,Adi, lan Yanwar langsung ngrewangi njuruk pit-e Rahmat. Sawise tekan segara jayan, ning kono pemandangane apik banget. Dayat langsung njiot hp lan langsung foto-foto bareng Adi,Yanwar, lan Rahmat.
            Kira-kira jam setengah rolas, Dayat lan kancane bali. Amarga dalan sing mau nggo mangkat angel, Dayat lan kancane baline nrabas liwat dalan-dalan sawah. Tekan ngumah dzuhur, Dayat lan kancane langsung bali lan njiot sarung lan salat dzuhur berjamaah ning musolah. Sawise salat, Rahmat ngajak Dayat,Adi,lan Yanwar lutisan.
”bro, lutisan pa yuhh, nang nggonku ana pelem karo timun. Gelem ora?”. Ajak Rahmat.
” gelem lahh,, yuhh mangkat”. Adi, Yanwar, lan Dayat langsung nanggepi.
            Sawise lutisan. Kira-kira setengah telu sore, Dayat lan kanca-kancane nggolet undur-undur ning segara. Ing segara Dayat lan kanca-kancane dus-dusan disambi golet undur-undur. Sawise pada kademen lan cuacane uga wis sore, Dayat lan kanca-kancane bali. Sadurunge pada pisahan, ning dalan Dayat lan kanca-kancane janjian. Yen mengko dayat sing masak undur-undure lan mengko ketemu nang musolah, sawise ngaji arep dimaem bareng-bareng.

            

Saturday, 9 April 2016

contoh cerkak bahasa jawa kelas X




DIENGKEN, TEKAN
Zaman saiki akeh wong sing pada nggedekake gengsine. Ora mandeng tua- enome, gede cilike, lanang wadone. Wong-wong pada moh mandeng utawa takon nek dudu sing selevel utawa sing luwih asor pangkat drajate sing takon dhisist. Ana maneh, menawi tindak-tindak kudu nganggo kendaraan, ora gelem pit onthel. Geleme nek taksih kinclong kinyis-kinyis, resik apik, tur taksih anyar. Nanging pada moh leh ngrawat lan ngresiki, geleme mung leh nganggo. Uga kadang gengsi menawi nampani paweweh saking tangga teparo, apamanih nutur barange tanggane, gengsi bingits.
Nanging beda kaliyan Kusen, dheweke kih saking andap asor, ora gumedhe lan ora gengsi menawi ngagem pit onthel sing wis bobrok bodine lan nampi paweweh saking kanca-kancane. Dheweke uga ora gelem nyuwun sing aneh-aneh marang wong tuane, amargi Kusen paham kahananipun ingkang repot ngurusi adhi-adhine sing taksih alit-alit.
Wengi iki, atine Kusen krasa nlangsa. Tas lan sepatune wis jebol, nanging ora wani njaluk marang wong tuane. Dheweke wedi, menawi tembung bakal dadi pikirane wong tua. Sakjane, dheweke tahu nduweni niatan tumbas tas lan sepatu nganggo duit penghargaan rangking 1 pararel, nanging dheweke luwih milih nggunakake kanggo mbiayai sekolahe adhine.
“ Kepiye iki ? aku iri karo kanca-kancaku sing pada kepenak anggone nyuwun marang wong tua ! apa aku tembung mawon yo kaliyan bapak ibu ? nanging aku ora kepenak ! “
Sewengi tutug Kusen gur bisa mbayangake nek dheweke bisa oleh kasil dhewe. Mujudake apa sing dikapingini. Isuk ruput-ruput Kusen wis tangi lan mbiyantu wong tuane. Ana rasa kepengin ngomong masalah tas lan sepatune, nanging bola-bali diurungake.
“ Kowe nangapa to Sen, ket wau Ibu delok meneng wae ora kaya biasane ? kowe meriyang ?  “
“  Mboten Bu, lagi ngapalaken rumus matematika ! “
“ Biasane leh ngapalake karo ngrumit dhewe, kok saiki meneng wae ? “
“ Oh niki Bu, Kusen sek sariawan ! “
“ Oh ngono ta ! ya wis ben Ibu wae sing ngrampungake nyapune, kowe siap-siap mangkat sekolah !”
“  Nggeh Bu !”
Kusen langsung siap-siap mangkat sekolah. Ora mawi sarapan. Dudu merga males sarapan, nanging pancen ora ana kang bisa disarap.
Pendak dinane Kusen mangkat karo kancane, Budi. Nah, Budi iku sing sering maringi Kusen sarapan. Malah kadang Ibune Budi wis nyiapake bekal kanggo Budi lan Kusen.
“ Kih Sen sarapanmu ! Ibu ra bisa masak daging nak dina iki, bapake Budi wulan iki durung ngirimi malih !”
“ Bu mboten sah ngendika kados niku ! Kusen dadi ngrasa ra kepenak ngrepoti Ibu ! Kusen mboten sah diungguh-ungguhaken, kan Kusen dudu wong kang terhormat ! Kusen diparingi sarapan pendak dina kalih Ibu, maturnuwun banget lho Bu !”
“ Yo Sen ! ora papa Ibu ikhlas ! kowe bocah manut, sregep, pinter uga ora kakehan reka ! Ibu seneng mandeng kowe kancan kaliyan Budi !”
“ Bener Sen, ra papa ! kowe wis tak anggep kakangku dhewe, sing bisa mulang lan mbimbing aku !”
“ Maturnuwun Bu, Budi kang sampun percaya kaliyan kulo ! kulo mbakal njagi amanahipun Ibu lan Budi !”
Jam 06.30 Budi lan Kusen mangkat bareng menyang sekolah. Ing tengah dalan, cah loro kuwi ketemu karo Paijo kang ora seneng menawi Budi kancan karo Kusen.
“ Bud, gelem-geleme kowe kancan karo cah kere kaya ngono ! caraku ra gelem Bud ! Pendhak dina mung ngrepoti kowe ! ngisin-ngisisni, marakna ra nana cah wadon sing gelem karo kowe !”
“ Jo, ngger ngomong dijaga ya ! aku ra isin kancan karo Kusen, aku ra ngrasa direpoti ! aku bangga nduwe kanca pinter kaya Kusen ! “
“ Wis lah Bud ra sah digugu, marakna emosi ! wis yuh mangkat ndak telat mangkat sekolah ! “
“ Ra sah lebokna ati ya Sen ! “
“ Iya Bud, tenang wae !”
Budi lan Kusen langsung lunga klepat, Paijo mung ngiwi-ngiwi. Sedawane ndalan, Kusen mung bisa mbatin karo apa sing diomongake Paijo. Batine Kusen mbenerake apa sing diomongake Paijo.
“ Sen apa sing kowe pikirake ? kowe mikirke omangane Paijo ? ra sah digugu lah, Paijo mung iri karo kowe sing pinter. Dheweke awit biyen kan iri banget karo kowe!”
“ Tapi Bud, omongane Paijo pancen bener. Aku mung bisa ngrepoti kowe lan Ibumu. Apa kowe ra isin kancan karo aku ? “
“ Sen, wis lah. Ra sah digugu omongane Paijo ! aku ra isin kancan karo kowe. Aku kan wis omong mau. Aku bangga kancan karo bocah pinter kaya kowe.”
Tekan sekolah Kusen langsung siap-siap dadi petugas upacara. Saiki jadwal kelase Kusen tugas. Dheweke dadi petugas pengerek bendera. Wektu amanat pembina upacara, Kusen dipuji kaliyan pembina. Dheweke tetep andhap asor, nanging ana sing ra terima yaiku Misno. Misno iku kanca sekelase Kusen kang dikompor-kompori kaliyan Paijo menawi Kusen ngece lan ngrendahake dheweke ing sangarepe kanca-kancane wektu pengumuman kasil UTS kang beda sithik karo Kusen. Bab iki kang nyebabake Misno njengkeli Kusen. Dheweke uga tugas bareng karo Kusen dadi petugas pengerek bendera. Nanging pembina upacara namung muji Kusen.
“ Nggeh niki bapak ibu guru ingkang nami Kusen kang dadi petugas pengerek bendera. Bocahe pinter, rajin sinau uga ibadah, lan mbiyantu wong tuae. Kusen iki rangking pararel ing tengah semester wingi lho pak, bu ! napa mangke pengumuman hasil UAS bakal dadi sing nomer siji malih ? “
Atine Kusen uga dadi deg-degan pembina upacara muji dheweke. Amarga menawi dheweke ora rangking malih, Kusen ngrasa isin kaliyan bapak ibu guru. Nanging saking barisan peserta upacara, Budi ngacungi jempol marang dheweke, pratanda Budi aweh semangat marang Kusen.
Sarampunge upacara, saiki mangsane pengumuman hasil UAS. Tambah sangsaya deg-degan atine Kusen.
“ Sen ra sah ngarep bisa rangking maning. Jare gur kowe sing pinter nang SMA iki ? ra sah gumedhe kowe, aku yakin saiki aku bisa luwih dhuwur saking kowe. Kasil UTS wingi kan aku mung beda sithik karo kowe.”
“ Aku ra ngrasa kaya kui Mis, aku uga ngerti nang kene iki akeh saingane ! tapi aku uga ngarep nek aku bisa kasil malih !”
“ Rangking 3 pararel yaiku... Budi kanthi kasil rata-rata 3,60. Rangking 2 lan 1-ne mung beda 0,02 yaiku...Kusen 3,80 lan Misno 3,...78. “
“ Alhamdulillah... ! aku kasil malih “. Kusen mbatin
Bocah telu iku maju meng ngarep lan nampi hadiah saking Kepala Sekolah. Nanging Kusen uga njagi rasane Misno sing gagal ngungkuli dheweke.
“ Pancen temen to pak, bu menawi Kusen iki temen-temen pinter”. Ngendikane pembina upacara bola-bali muji Kusen
“ Pancen pinter kowe Sen, ra salah aku kancan karo kowe.” Tambahe Budi.
Misno ngrasa isin banget karo Kusen. Tapi Kusen tetep nguatake Misno.
“ Mis, ra sah kecewa yo Mis. Kowe bisa ngungkuli aku kapan-kapan ! tapi ra sah kaya ngana. Aku ora kaya apa sing diomongake Paijo. Aku ra tahu ngece kowe.”
“ Temen Sen, nek kedadeane kaya kuwi aku ngapura ya Sen. Aku wis salah karo kowe. Awale aku ra ngandel karo sing diomongake Paijo. Nanging aku ngrasa mesthi kalah karo kowe, dadi aku ngandel karo Paijo. Oh ya Sen hadiah iki bakal kowe gunakake kanggo ngapa ? “
“ Kanggo mbiyantu wong tuaku mbiayai sekolahe adhikku “
“ Kusen iki bocah kang apik budi pekertine, ora tahu ngarepake kepentingane dhewe”. Tambahe Budi
“Nangapa ra ko nggo tumbas tas lan sepatumu Sen, iku kan wis rusak ?  “
“ Iku bisa kapan-kapan maning ! “
“ Nek kowe gelem aku duwe sepatu karo tas nang ngumah wis ra tak enggo Sen. Timbang ora dienggo mending nggo kowe bae rapapa. Trima ya Sen, kanggo tanda ngapuraku marang kowe wis mbiji kowe saking omongane wong liya. “
Sabanjure Budi, Kusen, lan Misno dadi kancan kang akrab lan seneng mbiyantu siji lan sijine.
                                                            


Monday, 22 February 2016

bahasa jawa kelas X semester 1; CERKAK



CERKAK

A. Pengertian
            Cerkak yaiku cerita gancaran kang ngandut prastawa kang ora dawa lan ora akeh alur ceritane.
B. Ciri- cirine/ Titikane
o   Lumrahe kurang saka sewu tembung
o   Diwaca sakeplasan ( 1 kali )
o   Cacahe paraga mung sitik
o   Cerkak kuwi asipat naratif
o   Tokoh kang dicritakake ora nganti owah saka nasibe
o   Sifate reka- reka
C. Unsur- unsur intrinsike cerkak
1)      Tema/ underan
Yaiku pokok masalahe crita utawa lelandhasane/ dasar crita

2)      Amanat
Yaiku pepeling kang kinandhut ing crita iku utawa pesen pangripta marang pamaca.  Pepeling/ pesen arupa ajaran moral utawa pendhidikan.
3)      Paraga lan watak paraga ( lakon )
·         Paraga yaiku wong singg marragani crita.
Paraga kaperang dadi 3 :
1. Paraga utama ( apik )/ protagonis
2. Paraga mungsuh/ antagonis
3. Paraga tambahan/ tritagonis

·         Watak yaiku carane pengarang njlentrahake karakter tokoh ana ing crita

4)      Padunungan, wektu, lan swasana crita ( latar/  setting )
Yaiku unsur kang ana gegayutane karo panggonan, wektu, sosial, lan swasana kang ndhasari kedadean ing cria iku.
5)      Alur crita ( plot )
Yaiku rantamane crita sing sinambungan mbentuk crita/ lakuning crita/ urut- urutane crita. Alur : maju, flashback, & campuran

6)      Pamawas/ sudut pandang
Yaiku carane pangripta netepase dirine ing crita/ kalunggahane pangripta sajroning crita. Dadi wong kepisan : dadi paraga utama/ sampingan & dadi wong ketelu: pangripta ora kelibet ing crita.

7)      Busananing basa/ gaya bahasa
Yaiku basa kang digunakake pangripta sajronng nyusun crita, supaya crita iku katon endah.


bahasa jawa kelas X, analisis tembang sinom pada 16



ANALISISE TEMBANG SINOM PADA 16

A. Tembang
Kang wus waspada ing patrap
mangayut ayat winasis
wasana wosing Jiwangga
melok tanpa aling-aling
kang ngalingi kaliling
wenganing rasa tumlawung
keksi saliring jaman
angelangut tanpa tep
yeku aran tapa tapaking Hyang Sukma.

B. Arti
§  Bahasa Indonesia
Yang sudah paham tata caranya
Menghayati ajaran utama
Jika berhasil merasuk ke dalam jiwa
akan melihat tanpa penghalang
Yang menghalangi tersingkir
Terbukalah rasa sayup menggema
Tampaklah seluruh cakrawala
Sepi tiada bertepi
Yakni disebut  “tapa tapaking Hyang Sukma”.
§  Bahasa Jawa
Sing wis paham  tata carane
Nyesepi ajaran utama
Saumpama bisa ngrasuk ing dalem jiwa
Arep paningal tanpa ana sing ngalangi
Sing ngalangi ajeng nyingkur
Kebukak rasa sayup menggema
Ketingal kabeh dunya
Sepi ora ana akhire
Yakni kasebut “ tapa tapaking Hyang Sukma “

C. ISI TEMBANG
            Sapa sing mengerteni tata carane lan bisa nyesepi ajaran utamane “ tapa ttapaking Hyang Sukma “ uga bisa ngrasuk piwulange ing njero jiwa. Lan ora bakal ana sing bisa ngalangi tapane, saenggga mimpi lan kekarepane bisa kawujud.

D. PITUTUR LUHUR
            Yen pingin nglakukna perkara kudu bisa mengerteni tata carane lan kudu bisa nyesepi ajaran utamane supaya usahane bisa migunani marang sapa wae lan ana kasile.

E. RELEVANSINE
            Jaman saiki akeh wong sing pingin usahane ana kasile lan migunani, lamun ora nggatekake tata carane lan ora nyesepi ajaran utamane, saengga usahane ora bisa kawujud.